Sunday, March 21, 2010

Menawa arep nyabrang dalan …

Nek iki crita wektu aku isih cilik. Jaman semana (tahun 70-an), sing jenenge dalan durung rame kaya saiki, durung akeh montor lan pit montor akeh-akehe mung pit onthel. Sekolahku wektu itu rada adoh saka omah, kira-kira 1,5 kilo. Mung merga aku urip ning kutha cilik dadi aku wis diculke mangkat sekolah dhewe (aku kelas 2 SD). Amarga aku kudu nyabrang dalan, sepisanan ibuku wanti-wanti, “Menawa arep nyabrang dalan ati-ati, noleh kiwa-tengen dhisik lagi nyabrang.” Bareng wis arep tekan sekolah lan kudu nyabrang, aku kelingan dawuhe ibu … aku noleh ngiwa-nengen terus nyabrang….

GUBRAK…!!!! Aku ketabrak pit. Aku nangis, ditulungi wong pirang-pirang…
….
Aku pancen noleh ngiwa-nengen nanging …aku ora nggatekake ning dalan iku ana pit, pit montor, apa montor … aku ya mung noleh ngiwa-nengen wong pesene Ibuku mung ngono kok…

No comments: