Friday, March 5, 2010

Lampu sein

Dina iku aku karo kanca kuliahku arep menyang Gramedia, saka kampus Sastra Undip (dalan Hayam Wuruk). Lungane numpak sepeda motore kancaku, aku mbonceng. Tekan ngarep gedung Bank Indonesia ing dalan Imam Bonjol, kancaku noleh memburi lan takon: “Ik, lampu sein-ku ki mati apa murup. Coba delengen.” Dikandhani kaya ngono aku terus namatke lampu sein sepeda motore kancaku. “Murup … eh…mati …murup…mati…eh …murup,” kandhaku. Krungu omongku, kancaku dadi anyel: “Piye to kowe ki, tak kon nge-cek lampu sein-ku mati apa murup kok malah ngajak guyon?” Aku terus semaur: “Lha pancene lampu sein-mu kuwi sing rusak… murup mati … murup mati.” Krungu wangsulanku sing mangkel, kancaku meneng wae. Bareng tekan Gramedia lan rampung parkir, kancaku nyedhaki aku lan kandha: “Ik, kowe ki pancen goblok! Sing jenenge lampu sein ki ya murup mati… lha wong lampune rak kedip-kedip murup mati… Cah kok gampang men emosi…”

Nulis nganggo basa Jawa kok ya jebulane angel banget dadi nek salah nulis nyuwun pangapura...

No comments: