Monday, August 8, 2011

Sopo aku?

“Aslinipun saking pundi mbak?”
Pitakonan iki sing paling ora isa tak wangsuli.
“Waaahhhh… asli pundi nggih? Ngaten, bapak kula saking Bantul, Ibu saking Imogiri (nanging simbah saking Solo). Kula kelairan Malang, Jawa Timur, alit kula wonten mrika. Lajeng pindah-pindah: Jakarta, Kendal, Sukorejo, Pekalongan. Kuliah wonten Semarang lan nyambut damel wonten Semarang. Mekaten.”
“Kok mboten kados tiyang Jawi nggih mbak?”
“Heh? Lha kados napa? Tiyang listrik? Menapanipun ingkang mboten kados tiyang Jawi?”
“Nggih kados benten ngaten.”
“Oooo inggih pak. Basa Jawi kula mila grothal grathul. Namung basa Indonesia kula taksih medhok pak. Kula nggih saged sekedhik-sekedhik ngangge basa Inggris. Niku nggih medhok.”
“Sanes, … anu mbak …, niku lho mbake niku kados “berani” ngaten.”
“Eeenggg. Berani karena benar pak….” wangsulanku ngawur.
Bapak sing lungguh ing sebelahku ora ngomong apa-apa maneh. Aku ya trima melu meneng karo mikir, “Apa ya bener aku iku ora kaya lumrahe wong Jawa?” Njur aku kaya wong apa? Wong alas alias orangutan? Aaarrrggghhhhh!!!! Apa merga aku wani ngomongke apa sing ora tak senengi lan apa sing ora tak setujoni kanthi blak-blakan ndadekake aku ora bisa dikategorike dadi wong Jawa?

2 comments:

Gloria Putri said...

walah madam...aq ga mudeng :(

Angelika Riyandari (Ike) said...

hehe ... nulis pake bahasa jawa itu tantangan tersendiri buat aku. susahhhhhh... karena bukan bahasa pertamaku ...