Monday, June 6, 2011

Anton, Kancaku, Anakku

Aku, kancamu
mung ngguyu menawa kowe nindakake salah
mung ngece menawa kowe “kena musibah”
tansah bisa ngerti menawa kowe kesed lan “nakal”
tansah bisa ngerti menawa kowe “ngomong idealis”
meneng wae menawa kowe lagi “ngeyel”
mung misuh menawa mbok kerjani

Aku, ibumu
kepingin kowe bisa ngrampungake studimu
kepengin kowe bisa dewasa
kepengin kowe bisa madheg dhewe
kepengin kowe bisa sukses
kepengin kowe bisa nggayuh kabeh kepenginanmu
kepengin kowe bisa dhuwe pacangan kang tenan tresna lan mbok tresnani

Dina iki,
Aku, kancamu, ibumu
Mung bisa ndonga kanggo kowe …
Muga-muga Gusti tansah paring berkah ing sadawane dalan sing isih kudu mbok lakoni…

Selamat Ulang Tahun ya le …

*Aku pengin nyawang kowe ngganggo toga*

6 Juni 2011

2 comments:

Gloria Putri said...

loh, Anton ulang tahun to? hahahahhaa...
aq gag mudeng tulisan ini madam :( bahasa jawaku jelek, jadi cm mengerti bagian bawahnya aja

Happy Birthday juga ya Anton (numpang ya madam) hahhahaa
semoga cepet2 pake toga

Angelika Riyandari (Ike) said...

iya Glo... Anton ulang tahun ...
akan aku sampaikan ucapanmu ke dia ...