Sunday, June 5, 2011

No woman, no cry – Wong wedok, aja nangis …

Aku bisa mesthekake menawa akeh wong sing tau krungu tembung sing ana ing judul. Kaya aku iki salah sijine. Ora mung ngerti tembung iku, aku uga bisa nyanyekake ♪♫ no woman no cry ♫♪ … ♪♫ no woman no cry ♫♪ … Iku bagian refraine lagu “No woman, no cry”-ne Bob Marley, penyanyi reggae sing rambute dawa, gimbal, lan seneng ngeses mariyuana. Mung ya iku, aku ora tau ngerti terusane apa. Ngertine mung bagian iku thok.

Aku uga tau weruh ana gambar templek (stiker) ing angkot sing tulisanne: “No woman, no cry. No money, no love.” Dadi iku nek diterjemahake nganggo konteks bebas mesthine karepe: Ora duwe wong wedok (pacar/bojo/dhemenan) yo ora pa pa. (Merga nek) Ora duwe dhuwit ya ora bakal entuk tresna/cinta (iki merga wong wedok iku dianggep mata duwitan. Gak gablek duwit, gak ana cinta).

Menawa biyen (sadurunge aku nulis catetan iki) ana sing takon marang aku apa sing dikarepake Bob Marley. 100% aku methi njawab nek karepe Bob Marley ya mesthine padha karo apa sing ana ing gambar templek ing angkot iku: Gak duwe wong wedok, gak pa pa … :D …

Aku lagi terinspirasi kanggo nggoleki artine “no woman, no cry” bareng krungu celetukane pak D2 alias pak donny danardono ing ngarepe ruwang 1.3 pas latian gamelan. Wis lali kontekse apa, mung wektu iku pak donny omong, “No woman, no cry iku karepe dudu “nek ora duwe wong wedok ora apa apa” nanging “wong wedok, aja nangis.”*)

“Ndak iya?” batinku kala semana. Nanging merga wektu iku pikiranku luwih ing latian gamelan kanggo seminar internasional, aku ora bisa langsung googling lan youtubing kanggo ngecek arti sejatine. Lagi kira-kira sesasi kepungkur, aku golek lirike lan ngrungokake lagu iki kanthi serius. Iki lirike:

No woman, no cry (Repeat 4 times)

Said said
Said I remember when we used to sit
In the government yard in Trenchtown
Oba, ob-serving the hypocrites
As they would mingle with the good people we meet
Good friends we have had, oh good friends we've lost along the way
In this bright future you can't forget your past
So dry your tears I say

#No woman, no cry
No woman, no cry
Oh my Little sister, don't she'd no tears
No woman, no cry

Said, said, said I remember when we used to sit
In the government yard in Trenchtown
And then Georgie would make the fire light
Log wood burnin' through the night
Then we would cook corn meal porridge
Of which I'll share with you

*My feet is my only carriage
So I've got to push on through
But while I'm gone...

Everything's gonna be alright 8x

Repeat all except *

My fear is my only courage
So I've got to push on thru
Oh, while I'm gone

Repeat all up to #

Kanggo aku lagu iki nrenyuhake.

Lagu iki bisa tak artikake lagu sing nyoba kanggo nglipur lan nyemangati wong wedok, “no woman, no cry. … Oh my Little sister, don't she'd no tears… Everything's gonna be alright.” Wong wedok iku mesthine wis dikenal … “I remember when we used to sit in the government yard in Trenchtown…. Then we would cook corn meal porridge… Of which I'll share with you.”

Lirik iku uga ngelingake aku marang kanca-kanca sing biyen tau dikenal sing isih ana lan sing wis ora ana maneh , “Good friends we have had, oh good friends we've lost along the way…”

Uga awake dhewe ora oleh lali marang sapa lan kaya apa biyene awake dhewe. Dadi menawa wis sukses utawa wis makmur aja dumeh, aja sok, kudu bisa rumangsa lan tansah eling … (ngono apa ya?) “In this bright future you can't forget your past.”

Ning sing paling tak senengi bagian “My feet is my only carriage…My fear is my only courage” … angel anggonku ngartikake nanging pancen tembung iku sing paling ‘nyess’ kanggoku … Modalku kanggo urip iku ya mung sederhana, ya mung modal bisa waton mlaku lan aku ya dudu wong sing hebat… aku mung wong biasa sing “wedi” marang kahanan ing kiwa tengenku. Mung ya kuwi, aku ora oleh pupus pengarepan, aku kudu bisa tetep maju… Hope is the last to die, istilah mancane ngono.

Nuwun.

Catetan:
1. Nek ora salah Pak donny komentar nganggo basa Indonesia, ora basa Jawa. .
2. Sumber lirik: http://www.lyricsfreak.com/b/bob+marley/
3. Aku sejatine pengin banget bisa share tulisan iki karo C-f**, kancaku sing wis ora tak ngerteni maneh dununge ana endi… “I respect your will, friend … though it’s hard for me to understand.”

No comments: