Tuesday, May 8, 2012

Sampun Cekap …

Kancaku lagi 3 sasi omah-omah, lan during pinaringan momongan. Dheweke ngomong mangkene: “Wahh… dadi wong urip ki pancen angel… apa maneh nek mungsuh tanggaku kae… ora duwe gawean liya…senenge mung maido…”… Aku takon ana apa lan kancaku crita:

Biyen wektu aku isih sekolah, saben liwat ngarep omahe, tanggaku ki mesthi takon, “Sekolah mbak? Kapan lulus?” …

Bareng aku wis lulus, aku kandha “Sampun lulus Bu…”. Sakwise aku kandha ngono, saben aku liwat ngarep omahe… tanggaku mesti takon, “Dereng nyambut damel mbak?”

“Kaya ora ngerti abote wong golek gawean jaman saiki wae...,” kancaku ngudarasa.

Sakwise aku duwe gawean, tanggaku iki senenge takon, “Wah, kula mpun nengga undangane lho mbak?” …

“Woalahhhh … ,” jare kancaku

Lha bareng aku wis omah-omah, saben aku mulih ning daleme bapak ibu lan liwat ngarep omahe tanggaku iki, dheweke mesthi takon, “Sampun bathi mbak?”

Mengkone nek aku wis duwe momongan mesthi aku ditakoni, “Kapan si ‘A’ … anakku … diparingi adhi?”

Nek anakku wis akeh lan wis gedhe mengko mesthi dheweke takon, “Kapan mantu?” …

“Ahhh … wong kok ora kurang pitakonan to ya…,” kancaku ujar.

No comments: